Wednesday, May 28, 2008

Aja Lali Marang Asale

Racake wong tinitah ing alam donya, padha pepinginan sing kepenak. Tegse, samubarang kebutuhane jasmani dalah rokhani kecukupan. Utamane kebutuhan urip padinan, kaya dene sandhang, pangan dalah papan lan sapanunggalane. Maneka cara dalan dilakoni, diluru amrih kabeh iku mau bisa diwujudke. Nyambut gawe mempeng, tekun, malahan kadhangkala ora etung wayah, tujuane mung siji yaiku kebutuhan uripe bisa kecukupan.

Dene ukuran cukup mono sifate relatif. Kabeh iku mau gumantung marang dhiri pribadi piyambak. Sebabe saben wong siji lan sijine duwe ukuran sing beda-beda. Ana sawenehing wong yen ngukur lan njarwani kecukupan, sauger wis bisa mangan kanthi lawuh prasaja, nyekolahke putra, nganggo sandhangan sing ora amoh, sarta bisa ngumumi anggone urip tetanggan, wis rumangsa ayem. Nanging uga ana sing tingkat ukurane luwih saka iku. Wong rumangsa cukup yen sakabehing pepinginane klakon. Kamangka sing jenenge pepinginan iku, sipate mulur ora ana enteke yen dituruti.

Kamangka sing jenenge urip kecukupan iku, orang mung kadonyan. Bandha, materi sing akeh, omah apik, tumpakane mobil, lan sapanunggalane. Kecukupan ing kene bisa dijarwani antarane kebutuhan jasmani lan rohani bisa lumaku kanthi salaras, saimbang.

Nanging, ora kabeh pepinginane iku klakon. Semono uga dalan kanggo nggayuh kamulyaning urip, iku ora lempeng. Saengga gelis tekan marang apa sing dikarepke. Racake dalan sing arep diliwati pating gronjal, menggak-menggok, munggah mudhun, kasar alus, lan sapanunggalane. Direwangi rekasa wae, pepinginane dalah kamulyaning urip durung mesthi klakon. Yen wis mengkono kuwi, apa banjur mupus? Kudune ora. Jer minangka titahe Gusti Kang Maha Kuwasa, kita wajib ikhtiar, ngupaya, ngrekadayan, amrih pepinginane bisa kasembadan.

Saakeh-akehe wong, durung mesthi nduweni nasib sing mujur. Mujur ing kene bisa dijarwani luwih jembar. Kaya dene mujur, nalika dilairke kawit cilik uripe ora nate kekurangan. Mujur ing babagan karir, senadyan kepinteran sing diduweni pas-pasan, nanging ndilalahe kersane Gusti Allah, bisa dadi pejabat, nyekel panguwasa, lan sapanunggalane. Karana sing diarani kabegjan iku anggone teka ora bisa disangka lan dinyana.

Ana gandheng cenenge karo nasib mujur kasebut, saupama wong iku ora kuat imane racake banjur salah dalan. Tegese, mumpung cekel panguwasa, ngregem jabatan, dalah wewenang ing sawenehing babagan, anggone ngecakake ora nganggo petung. Sing diuja mung hawa nefsune, sifate uga kadonyan.

Jaman saiki, akeh conto-conto, akeh materi, pejabat DPR/MPR, nalika ngregem panguwasa banjur lali marang asale. Jarene nalika njago, arep ngupayake sarte merjuangke kesejahteraan rakyat. Sing kakawit duwe pangarep-arep piyambake dadi coronge masarakat, tibake cabar. Wis lali marang janjine, sarta asal muasale nalika arep dadi wakil rakyat.

Ngaca Wewarah Jawa
Wis samesthine, minangka wong kang urip ing alam donya kudu ngluru kebutuhan uripe. Kebutuhan lair lan batin bisa mlaku seimbang. Yen bisa nglakoni urip kanthi cara mengkono iku mau, muga-muga bisa nemoke ketentreman urip. Apa maneh yen gelem nyinau, ngaca wewarah luhur tinggalane nenek moyang kita, yaiku ‘Aja lali marang asale’. Kanggone bebrayan Jawa, wewarah iku asring kita rungu, ing ngendi wae papan dalah ing kahanan apa wae. Dadia wong, sing aja pisan-pisan “lali marang asale!” Apa maneh wis dadi wong sugih, pinter. Yen wis dadi sugih aja semugih. Suwalike dadi wong piner, aja banjur keminter. Kepinterane sing diduweni mung kanggo minteri liyan.

Wewarah luhur kasebut, yen kita gelem ngonceki, ngemot pitutur luhur sing dhuwur pengajine. Upamane, saiki kita bisa urip luwih kepenak, yen dibandhingke karo jaman biyen utawa sadurunge, paling becik sikap dalah sifat, tingkah laku, marang wong liya aja diowahi. Apa maneh, banjur umuk, keminter, kemlinthi, dalah ngasorke sapadha-padha.

Kudu tansah dieling-eling, sumber sakabehing kabecikan, kamulyaning urip mung paringane Gusti Kang Maha Kuwasa. Minangka manungsa, kasugihan mung saderma nggadhuh. Sawayah-wayah bisa dipundhut maneh. Bandha kadonyan iku sifate mung titipan. Dene jabatan, panguwasa, iku mujudake amanah sing kudu dilakoni kanthi bener lan pener. Wis dadi kewajiban kita, yen pinaringan bandha rada cukup ing kono ana sebagean hake bocah yatim piatu, fakir miskin, kaum dhuafa, sing kudu ditulungi.

Semono uga kepinteran, ilmu pengetahuan sing dikuasani, rasane ora ana gunane yen ora diamalke. Apa gunane nduweni kepinteran, yen ora kanggo minterke wong liya.

Ing masarakat Jawa, urip iku diibaratke cakra manggilingan. Panguripane manungsa iku kaya dene rodha sing mubeng. Kadhang kala tiba dhuwur, liya dina ing ngisor. Panguripane manungsa iku ngalami obah owah, seneng-susah, sengsara-kepenak, tansah gilir gumanti. Kaya dene gumantine rina lawan wengi.

Mula saka iku, nalika urip kita nembe seneng aja nganti ‘lali dharatan’. Sing kudu dilakoni, yaiku suwalike, tansah ngeling-eling nalika kita nembe nglakoni urip sengsara, susah, sarwa kekurangan, lan sapanunggalane. Kesugihan, kepinteran, kamulyaning urip, iku asale saka Gusti Kang Maha Kuwasa. Mula wis samesthine, marang umat-E, tansah ngaturke konjuk syukur marang piyambak-E. Carane iku, tansah nglakoni apa sing wis diajarke manut kapitayane (agama) dhewe-dhewe. Sarta ora nerak wewalere, dalah larangane.

‘Aja lali marang asale’ mujudke salah sijining kekuwatan sing bisa ngendhaleni, amrih kita ora nglalekke Gusti Allah, minangka sumber sakabehing kabecikan, sarta kautaman sing ora diduweni dening manungsa.

Cak-cakane Jaman Saiki
Jenenge wae manungsa, racake isih kedunungan sifat lali. Ora sithik nalika nembe sugih, cekel panguwasa banjur lali sakabehe. Tumindak korupsi wis dudu wewadi umum maneh. Ora ngetung dhuwit iku sumbere saka rakyat, sing kudune dibalekke kanggo kepentingan umum.

Manipulasi data, dadi pakulinan sing angel diilangke. Dhuwit proyek mudhun, dinggo bancakan dhisik, turahane nembe kanggo nglakoke proyek.

Yen kita tansah ngeling-eling wewarah “Aja lali marang asale’ tumindak sing kaya mengkono iku mau bisa diendhani. Yen wis kebacut dilakoni, suwening-suwe uga konangan. Kurang begjane jabatane malah dicopot. Apa iku ora malah rugi dhewe? Wis asmane kucem ing masarakat, isih mlebu kunjara maneh. Anggone seneng mung sagebyaran.
“Aja lali marang asale’, yen ditrapke kanthi bener lan pener, bisa dadi rem sing paling becik kanggo wong sing nembe kasinungan jabatan, kasugihan, kamulyaning urip, lan sejenise. Bisa ora piyambake ngerem tumindak sing ora samesthine, aja pisan-pisan nduweni watak dalah sikap nyepelekake, ngasorke, sedulur-sedulur, andhahane, dalah kerabat, kenalan sing luwih jembar laladane, kang kahanan mlarat, sarwa kekurangan, tinimbang piyambake.
Mangkono uga nalika nembe cekel panguwasa, sugih sakabehe, pinter, banjur ‘salin salaga’, yaiku sikape diowahi, sarta nyimpang saka pakulinane.

Kabeh iku mau mbutuhke iman sing kandel marang Gusti Kang Maha Kuwasa. Iman sing pengkuh, kulina ngetrapke kejujuran, ora bakal ngglimpangke kamulyan sing nembe diregem. Jer, kabeh iku mau tetep dibalekke maneh marang Gusti Kang Maha Kuwasa. Kesugihan, nduweni jabatan, cekel panguwasa, sing nembe diduweni, yen dilakokke kanthi bener len pener, ora nyimpang saka paugeran dalah undhang-undhang, muga-muga bisa langgeng tekan kapan wae.
Nalika kesinungan urip sugih, tansah elingan jaman rekasane. Semono uga nalika ngregem panguwasa, tansah eling jaman perjuangane kang rumpil. Yen wis kebacut ‘lali marang asale’, padatan manungsa banjur nduweni sikap kemaruk ing babagan apa wae. Ora nate marem marang kenikmatan sing diparingke dening Gusti Kang Maha Kuwasa.
Wasana sumangga anggone ngestreni babagan iki.